Tansah gumregah rasa lan tandhange inggih anak-anakku sedaya kelas 8, semangat inggih anggone sinau ugi ampun kendho anggenipun ngudi kasarasan/kesehatan lan karesikan awak saha lingkungan.

menika pak guru paring cekelan materi babagan unggah-ungguh basa Jawa, saged disalin catet ing buku catetan kangge tambahan referensi basa Jawa.

Unggah-ungguh dalam bahasa Jawa

  1. Pemahaman Unggah-ungguh dalam bahasa Jawa

Hakikat Unggah-ungguh dalam bahasa Jawa

UNGGAH-UNGGUH

Unggah-ungguh inggih menika tata-pranataning basa miturut lenggahing tata krama. Unggah-ungguh ugi saged dipunwastani undha usuking basa (tingkataning basa adhedhasar anggenipun ngginakaken). Tiyang ingkang badhe ngetrepaken unggah-ungguh boten badhe uwal saking tata krama. Tata krama awujud solah bawa, tindak-tanduk lan patrap nalika sesambetan (komunikasi) dhateng sinten kemawon.

Supados satunggaling tiyang anggenipun micara/gineman selaras kaliyan unggah-ungguhipun kedah nggatosaken:

  1. Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang gineman)
  2. Sinten ingkang dipunajak gineman.
  3. Sinten uatawi menapa ingkang dipunginemaken.
  4. Wekdalipun rikala gineman
  5. Papanipun rikala gineman
  6. Swasana rikala gineman.

Ing jaman rumiyin unggah-ungguhing basa kapantha kados ing ngandhap menika:

Basa Ngoko – Ngoko Lugu

– Ngoko andhap  –   antya basa 

–   basa antya

 

Basa Madya          – Madya ngoko

– Madya krama

– Madyantara

 

 

Basa Krama          – Mudha krama

– Kramantara

– Wredha krama

-Krama Desa

-Krama Inggil

Basa Bagongan lan Basa Kedhaton.

Ing jaman samenika sampun kathah para sarjananing basa kagungan penggalihan ngringkes unggah-ungguh basa namung dados kalih perangan, inggih menika:

 

Basa Ngoko     – Ngoko Lugu

– Ngoko Alus

 

Basa Krama       – Krama Lugu (Andhap)

– Krama Alus (Inggil)

Basa Ngoko Lugu

Ginanipun kangge gineman:

  1. Tiyang sepuh dhateng putra, wayah, menapa dene dhateng lare anem sanesipun.
  2. Dhateng sesaminipun, kanca sepantaran, tuladhanipun lare kaliyan kancanipun.
  3. Pangageng dhateng tiyang sangandhapipun, tuladhanipun juragan dhateng baturipun.
  4. Panguda rasa (gineman kaliyan pribadinipun piyambak).

Tuladhanipun Ngoko Lugu:

Ginemanipun lare kaliyan kancanipun.

Anjani : Pus, aku bok kokajari garapan matematika wingi kae. Aku wingi kuwi durung dhong.

Puspa   : Ya gene kok bisa ora dhong, aja-aja wingi kowe ora nggatekake.

Basa Ngoko Alus

Basa menika kaginakaken dening tiyang ingkang sampun  supeket (akrab) nanging tasih nggadhahi raos ngurmati dhateng ingkang dipunajak gineman, umpaminipun antawis sesaminipun kanca nyambut damel ing kantor, sesaminipun kanca sekolah, lsp.

Tuladhanipun Ngoko Alus.

Ginemanipun satunggaling tiyang kaliyan kanca sakantor.

Pak Imam        :  Pak Panjang, nuwun sewu. Panjenengan mau wis dhahar apa durung?

Pak Panjang    : Aku ta, lha yen aku ya durung mangan. Apa panjenengan arep mbayari aku

   jajan neng warung.

Basa Krama Lugu

Ginanipun kangge gineman:

  1. Dhateng sesamining kanca ingkang dereng supeket (akrab).
  2. Tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enem, ananging ingkang dipunajak gineman wau sinaosa enem nanging wajib kinurmatan.
  3. Tiyang ingkang nggadhahi kalenggahan(drajat pangkat) inggil dhateng andhahanipun, ananging andhahanipun wau yuswanipun langkung sepuh utawi wajib kinurmatan.
  4. Tiyang ingkang gineman priyayi luhur lan ingkang dipunajak gineman tiyang limrah ingkang sampun sepuh yuswanipun utawi wajib kinurmatan.

Tuladhanipun Krama Lugu.

Ginemanipun Pak Ketua RT dhateng para pemudha ing parepatan (pepanggihan pemuda)

Adhik-adhik sedaya kula ing ngriki ngaturaken panuwun dhateng sampeyan sadaya dene sampun purun dugi ing pepanggihan menika.

Basa Krama Inggil:

Ginanipun kangge gineman:

  1. Tiyang ingkang gineman dereng tepang kaliyan ingkang dipunajak gineman, lan ingkang dipunajak gineman wau ketingal langkung sepuh utawi tiyang ingkang kagungan pangkat inggil.
  2. Tiyang ingkang gineman langkung enem yuswanipun tinimbang ingkang dipunajak gineman, lan ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.
  3. Tiyang ingkang gineman langkung cendhek drajat pangkatipun tinimbang ingkang dipunajak gineman, utawi ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.

Tuladhanipun Krama Inggil.

Ginemanipun wayah(putu) dhateng eyangipun:

Wisnu  :Kados pundi Mbah gerahipun, sampun dhangan menapa dereng? (Krama Inggil)

Eyang  : Rasane kok durung iki. Miturut kowe kepriye Le, supayane simbah cepet mari?

(Ngoko Lugu)

Wisnu  : Makaten kemawon Mbah, ing mangke simbah kula dherekaken  tindak dhateng

  Puskesmas,  kersanipun dipunpriksa dening Pak Dhokter. (Krama Inggil)

 

3 Replies to “MATA PELAJARAN BAHASA JAWA 28 MEI’21 KELAS 8 G LAN H| REFERENSI RAGAM UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA”

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *