Wilujeng enjing bocah-bocah, kepanggih malih kalih pak guru taksih ing media pjj e-learning inggih. Menika pak guru paring materi babagan Crita Pengalaman sing dilakoni pribadhi ateges pengalaman pribadhi awak dhewe-dhewe sing sampun dilakoni ingkng nandes eling sateruse.

Crita pengalaman yaiku crita ngenani kedadeyan( peristiwa) kang wis nate dilakoni dhewe.

CRITA PENGALAMAN

  • WUJUD CRITA PENGALAMAN Miturut swasanane 1.Nyusahke/ nyedhihke 2.Njengkelke 3.Nyenengke 4.Lucu 5.Medeni/ Nggegirisi
  • Tuladha Crita iki kadadean durung suwe. Merga lagi ana pandemi korona kabeh bocah sekolah di preina. Esuk kui dina Selasa, aku lan kanca-kancaku duwe rencana kepengin ngontel tekan kutha. Sak durunge mangkat, kabeh persiapan wis tak cepakna. Ora lali wedang ing botol, masker lan hansanitezer. Awit ana ing era new normal iki menawa arep lunga menyang ngendi wae kudu nganggo masker. Nalika pit-pitan maskerku tak plorotke awit yen lagi olahraga ora di parengake maskeran supaya ambegane ora sesek. Esuk kui srengenge wis rada penther, aku lan kanca-kancaku mandeg ana ing pertelon saperlu leren. Dumakan ana satpol PP lan pak polisi kang arep gelar operasi yustisi utawa operasi penertiban masker. Banjur nyedaki aku lan kanca sak rombongan, saperlu ngelekke supaya nganggo masker kanthi bener. Aku rada kaget, rumangsaku aku wis nganggo masker kok. Banjur maskerku tak benerna. Aku sing awit mau ngelak ,merga kahanan wis rada panas lan wis rada adoh anggonku ngontel langsung wae aku bukak botol lan ngombe. Welah dalah banyu muncrat ana ngendi-ngendi lan teles klambiku kamangka anggonku ngombe wis tenanan. e..jebul maskerku rung tak buka. Kabeh kancaku pada ngguyu cekakakan , pak polisi ya melu ngeguyu. Isinku ra ilang-ilang, karepku ngombe supaya ngelakke ilang malah isin ra karuan.

 

  • Pokok-pokok crita pengalaman • What (apa) = apa kang di critakna? • Where (dimana)= ana ngendi papan critane? • When (kapan)= kapan kadadeyane? • Who (siapa)= sapa sing crita? • Why (mengapa)= kenengapa kedadeyan? • How (bagaimana)= kepiye kedadeyane?
  • 1. Apa kang dicritakna? Ngombe nanging isih nganggo masker What
  • 2. Ana ngendi papan critane? Ana ing pertelon Where
  • 3. Kapan kedadeyane? Dina Selasa esuk When
  • 4. Sapa kang crita? Aku Who
  • 5. Kenengapa kadadeyan? Kaget di tegur dening petugas polisi babagan ngangho masker banjur kelalen ngombe isih nganggo masker Why
  • 6. Kepiye kedadeyane? Ngontel menyang kutha, wektu kui leren ana ing pertelon banjur kaget ana petugas polisi ngelekke supaya nganggo masker kanthi bener banjur ngombe kelalen menawa isih nganggo masker ,akhire diguyu wong kang weruh. Who
  • MATUR NUWUN

Bocah -bocah pak guru paringi andharan menika kasuwun nyerat dicatet dhisik inggih ing buku catetan, mbenjang pak guru paring sesuluh malih.

wilujeng anggenipun sinau bocah-bocah, puguh ingkng sehat lan njaga karesikane inggih bocah-bocah.

Leave a Reply