Anak-anakku tetep gumregah rasa lan tandhange inggih anak-anakku ateges semangat anggone sinau saking griya, mbiyantu bapak ibu sedaya keluwarga ing griya..tetep 3M inggih, ngangge masker standar kesehatan, asring wijik astanipun ngangge sabun saha mbetha handsanitaser lan pungkasan jarak anggone sesrawungan dijaga.

Anak-anakku sedaya, ing pepanggihan minggu menika pak Guru nyuwun marang anak-anak supados ngrangkum Cerita Ramayana ingkang irah-irahanipun Kidang Kencana inggih..dipunserat/tulis rangkum ing buku tugas lan ampun kesupen serat identitas kalian..kasumanggakaken kasuwun minimal 3 paragraf formatipun didamel wacan gancaran tegese paragraf cerita ngangge alenia, mbenjang menapa menawi pak Guru suwun kempalaken supados mboten grobyakan anak-anakku.

 

 

Leave a Reply