Asalamu ‘alaikum Wr,Wb.
Bocah -bocah sadurunge pak guru miwiti piwulang dina iki ,perlu ngelingake luwi dhisik :
– Aja lali ngibadhahe
– Tetep semangat sinau kanggo masa depanne dhewe
– Jaga kesehatan
– Tansah bekti marang wong tuwa
Bocah – bocah dina ini pak guru bakal nerusake keterangane minggu kepungkur,yaiku crita ska serat Ramayana,coba keterangan ngisor digatekake !
Pelajaran Basa Jawa semester genap
Materi 2 Basa Jawa kelas 8
Mata pelajaran    : Bahasa Jawa
Guru Pengampu : Sumarmi ,S.Pd
Materi                   : Crita Ramayana
Hari ,tanggal       : Jumat,15 Januari 2021
Kelas,semester    : VIII / II

Pambuka :
Dina iki pak guru sadurunge nerangake materi ayo luwih dhisik ndedonga muga – muga gusti tansah maringi kesehatan kanggo ngadhepi kegiatan esuk iki.
Bocah – bocah nerusake apa sing wis dingendikakake pak guru seminggu kepungkur yaiku crita saka Serat Rmayana,ana ing bab iki kang bakal dirembug yaiku perangan Serat Ramayana yaiku crita Resi Jathayu.

Langkah I
Coba diwaca luwih dhisik bukne paket halaman 81 nganti 82 kang irah – irahane “ Resi Jathayu”
Supaya kowe mudheng isine bakal dibantu pak guru nerangake tembung – tembung kang angel

Paragraf 1
– Peksi = manuk
– Tata jalma = isa ngomong kaya uwong
Paragraf 2
– Mitra kenthel = kanca cedhak
– Dinustha         = dicolong
– Culika              = ora sopan
– Sedya               = karep
– Pepriman        = wong ngemis
– Panjalmaning = malihane
– Wusana           = akhire
Paragraf 3
– Wana               = alas
– Cancut taliwanda = siap – siap
– Sigra                = cepet – cepet
– Kawasisan      = ketrampilan
– Prang tandhing= perang adu arep
– Klawan            = karo
– Mbujeng         = ngoyak
– Mingis – mingi= landhep banget
– Aji                    = kesaktian
– Kadigdayan   = kekuwatan
– Suwiwi           = sayap
– Pepes              = ceklek
– Tanpa daya   = ora duwe kekuwatan
– Dipun asta    = digawa
– Ngalengka diraja = kerajaan ngalengka
Paagraf 4
– Sakojur         = awak siji
– Tatu awrat   = tatu abot ( luka )
– Swasana       = kaanan ( Keadaan )
– Tiwas            = mati
– Amba            = aku
– Ditya             = buta
– Sayekti         = satenane
Paragraf 5
– Prastawa     = kedaeyan ( kejadian )
– Dilampai     = dialami
– Nandhang   = ngrasakake ( menderita)
– Kunarpa      = mayat
– Karukti        = dikubur
– Satataning adat = aturan daerah
– Pangerang = Gusti Alloh
– Gesang       = urip.
Bocah – bocah sawise diwaca lan ditegsi tembung – tembunge tak kira wis ngerti apa isi critane,mula tugasmu :
Halaman 83 nganti 84

Negesi tembung
isinen titik – titik kaya tuladha ing sisih ndhuwur !

Mangsuli pitakon
Ana pitakon nomer 1 nganti 10 jawaben kang komplit,golekana saka wacan

Ngringkes isine wacan
Golekana pikiran pokok sabe paragraph 1 tekan 5 kaya tuladha halaman 84 sing ngisor,kowe gari nerusake c,d,e

Panutup.
Bocah – bocah semene dhisik keterangne pak guru
1. sateruse garapen tugase ana ing buku cathetan kang becik
2. aja ngundur – undur tugas supaya ora dhobel sing akhire dadi abot
3. supaya tetep semangat eling – elingen apa cita – citamu.

Dak kira semene dhisik  aja lali tetep semangat,

Wassalamu ‘alaikum Wr.Wb.

 

Leave a Reply