Assalamu alaikum Wr Wb.
Bocah – bocah kanggo miwiti semester genep iki pak guru bakal nyathetake luwih disik materi sing kudu disinau sak semester.nanging sadurunge pak guru ngelingake supaya bocah- bocah :
1.Tetep Semangat
2.Jaga kesehatan
3.Aja lali ngibadhah
4.sing ora kalah penting bekti maran wong tuwa lan tansah nyuwun dongane
wondene matri sing kudu disinau :
Pelajaran Basa Jawa semester genap
Materi 1 Basa Jawa kelas 8
Mata pelajaran : Bahasa Jawa
Guru Pengampu : Sumarmi ,S.Pd
Materi : Crita Ramayana
Hari ,tanggal : Jumat,8 Januari 2021
Kelas,semester : VIII / II
Pambuka :
Dina iki pak guru sadurunge nerangake materi Bab 1 bakal dicathetake luwih dhisik materi pelajaran sing kudu disinau sasuwene semester genap iki
Materi Bab 1
1.Crita Ramayana ( Resi Jatayu )
– Ngrungokake crita Ramayana ( Resi Jatyu )
– Negesi tembung kang angel
– Mangsuli pitakon
– Ngrembug isine crita Resi Jatayu
– Nyritakake isine Crita Resi Jatayu
2.Mangerteni isine Crita Ramayana
– Paclathon bab crota Ramayana
– Negesi tembung angel
– Nulis pokok – pokok isi crita Ramayana
– Nyritakake maneh crita sing wis diwaca
Materi Bab 2
1.Mangerteni bab serat wulangreh
– Nembangake Kinanthi
– Negesi tembung angel
– Mangsuli pitakon
– Ngrembug isine tembang Kinanthi
– Nulis pitutur luhur tembang kinanthi
2.Nulis lan nyurasa taembang kinanthi
– Nulis tembang macapat
– Negesi tembung angel
– Mangsuli pitakon
– Nulis pokok – pokok isine tembang kinanthi
– Nemokake pitutur luhur saka tembang kinanthi
Materi Bab 3
Nulis Jawa
– Nulis tembung andhahan migunakake aksara jawa
– Nulis teks wacan kidang Kencana migunakake aksara jawa
Bab 1
Crita Ramayana
Pengertian
Ramayana yaiku buku sastra kang asale saka India,minangka kitab kanggo ngajarake ajaran Agama Hindhu.
Isine Crita Ramayana yaiku perang gedhe antarane laku utama kang diparagakake Prabu Ramawijaya sawadya balane mungsuh Prabu Dasamuka kang nggambarake watak angkara kang akhire dimenangake Prabu Rama wijaya pinangka simbul bebenar.
Isine Buku Ramayana dumadi saka pirang – pirang seri urut critane wiwit laire Ramawijaya uga Rahwana nganti dumadine perang gedhe.seteruse bakal direbug rinci minggu ngarep.
• Bocah – bocah dina iki materine ,tulung dicathet sing rajin ,becik lan jelas aja nganti ana sing kececer.
• Besuk minggu ngarep bakal diweneni tuladha geguritan ,mula luwih dhisik sinaunen buku paket 81 nganti 82
• Tetep semangat,sing perlu dieling –elingapa sing dilakoni saiki nemtokake masa depanmu .