Assalamu alaikum Wr.Wb.
Bocah – bocah ing dina iki pak guru luwih dhisik bakal nyathetake materi sing kudu disinau sak semester
naging luwih dhisi pak guru ngelingake :
1.Tetep semangat
2.Jaga kesehatan
3.Aja lali ngibadhah
4.Tetep bekti marang wong tuwa lan tansah nyuwun dongane
Saiki bakal dicathetake materine luwih dhisik:
Pelajaran Basa Jawa semester genap
Materi 1 Basa Jawa kelas 9
Mata pelajaran : Bahasa Jawa
Guru Pengampu : Sumarmi ,S.Pd
Materi : Geguritan
Hari ,tanggal : Jumat,8 Januari 2021
Kelas, : IX / II
Pambuka :
Dina iki pak guru sadurunge nerangake materi Bab 1 bakal dicathetake luwih dhisik materi pelajaran sing kudu disinau sasuwene semester genap iki
Materi Bab 1
Geguritan
1.Memahahi isi teks geguritan
– Ngrungokake Geguritan
– Negesi tembung angel ing ukara
– Mangduli pitakon
– Ngrembug isi lan amanate Geguritan
– Nulis isi lan amanate Geguritan
2.Nulis lan maca Geguritan
– Memahami teks geguritan
– Struktur Geguritan
– Tehnik maca Geguritan
– Maca Geguritan
– Tehnik nulis Geguritan
– Nulis Geguritan
Materi Bab 2
Sesorah
1.Nyetitekake teks sesorah
– Ngrungokake sesorak
– Mangsuli pitakon lan gawe pitakon
– Ngidentifikasi Struktur sesorah
– Ngandharake isine sesorah
2.Nulis lan ngandharake isine sesorah
– Maca teks sesorah
– Ngidentifikasi Struktur sesorah
– Nulis cengkorongan sesorah
– Nulis naskah sesorah
– Ngandharake naskah sesorah
Bab 1
Materi inti : Geguritan
Pangerten
Geguritan yaiku Karya sastra kang digunakake kanggo medharake pangangen – angen kanthi migunakake tulisan kang endah
Keterangan
Geguritan ana ing pelajaran Bahasa Indonesia diarani Puisi lan Geguritan diarani puisi gagrag ( modhel ) anyar uga diarani puisi bebas
Ciri – cirri geguritan
a.Migunakake tembung – tembung pilihan ( basa sastra)
b.Ukarane cekak aos
c.Bebas tanpa pathokan
d.Isine mentes
• Bocah – bocah dina iki materine ,tulung dicathet sing rajin ,becik lan jelas aja nganti ana sing kececer.
• Besuk minggu ngarep bakal diweneni tuladha geguritan ,mula luwih dhisik sinaunen buku paket 81 nganti 82
• Tetep semangat,sing perlu dieling –elingapa sing dilakoni saiki nemtokake masa depanmu .