Assalamuallaikum wr wb. Marsudi ing reh Budaya, karana luhuring Budaya dadya ukuraning jiwa Jawi

Anak-anakku sedaya kelas pitu, sakderengipun pak guru asring ngemutaken marang anak-anakku sedaya bilih kedah emut prokes (protokol kesehatan) covid-19 kedah hukume wajib inggih dipuntindakne ingkng dipunwastani 3 M, M sepisan Mencuci tangan menggunakan air bersih dan sabun, M kaping pindho Masker ngangge masker ingkang standar kesehatan, lajeng ingkang M pungkasan Mobilitas/kemapal/interaksi sosial prelu dipungatosaken jarak amanipun inggih.

Ing pepanggihan kaping sekawan wulan Oktober punika pak guru taksih nyuwun para siswa kasuwun nyobi ndamel teks pengalaman pribadhi piyambak-piyambak kanthi irah-irahan bebas nganggo basa Jawa sokur nyobi basa Krama ewadene gruthal-grathul mboten dados punapa,utawa Ngoko alus inggih ing buku tugas siswa lajeng dipunkempalaken.

Sesanti “KUDU GUMREGAH RASANE, KUDU GUMREGET TANDHANGE UTAWA TEKADE, CANCUT TALI WANDA” SEMANGAT BELAJAR anak-anakku sedaya sanajanta kahanane kaya mangkene.

Leave a Reply