Materi 10/ 10 Basa Jawa kelas 9

Mata pelajaran           : Bahasa Jawa

Guru Pengampu          : Sumarmi ,S.Pd

Materi                         : Tembang Dhandhang gula

Hari ,tanggal               : Jumat,16 Oktober 2020

Kelas,semester            : IX / I

Pambuka :

Dina iki pak guru bakal ngajak bocah – bocah ayo nembang bareng – bareng Tembang Macapat  pupuh Dhandhang gula saka Serat Wulangreh , ayo vidione diterokake bareng bareng lan dibolan –baleni nganti kabeh bisa. Suk yen wis mlebu maju siji-siji.

Materi inti :

Tembang Dhandhan gula

( buku paket halaman 21-22 )

A.Pada 1.

Pamedhare wasitaning ati

Cumanthaka aniru pujangga

Dhahat mudha ing batine

Nanging kedah ginunggung

Datan wruh yen akeh ngesemi

Ameksa angrumpaka

Basa kang kalantur

Tutur kang katula – tula

Tinalaten rinuruh kalawan ririh

Mrih padhanging sasmita

B.Pada 2

Sasmitane ngaurip puniki

Mapan ewuh yen nora weruha

Tan umeneng ing uripe

Akeh kang ngku – aku

Pangrasane sampun udani

Tur durung wruh ing rasa

Rasa kang satuhu

Rasaning rasa punika

Upayanen darapon sampurna ugi

Ing kauripanira

C.Pada 3

Jroning kur’an nggoning rasa yekti

Nanging ta pilih ingkang uninga

Kajaba lawan tuduhe

Nora kena den awur

Ing satemah nora pinanggih

Mundhak katalanjukan

Tedah sasar susur

Yen sira ayun waskitha

Sampurnane ing badanira puniki

Sira anggegurua.

D.Pada 4

Nanging sira yen nggeguru kaki

Amiliha manungsa kang nyata

Ingkang becik martabate

Sarta kang weruh ing kukum

Kang ngibadah lan kang wirangi

Sokur oleh wang tapa

Ingkang wus tumungkul

Tan mikir pawewehing liyan

Iku pantes sira guronana kaki

Sartane karuhana

Panutup :

  • Aja lali keterangane pak guru ing ndhuwur kabeh dicathet luwih dhisik ana ing buku tulismu .
  • Tetep semangat anggone padha nembang nganti bisa nembang
  • Aja lali dijaga kesehatane kanthi nindakake protocol kesehatan
  • Ngibadah , ndonga lan bekti mran wong tuwa.

 

Leave a Reply