Materi 10/ 10 Basa Jawa kelas 8

Mata pelajaran           : Bahasa Jawa

Guru Pengampu          : Sumarmi ,S.Pd

Materi                         : Tembang Gambuh

Hari ,tanggal               : Jumat,16 Oktober 2020

Kelas,semester            : VIII / I

 

Pambuka :

Dina iki pak guru bakal ngajak bocah – bocah ayo nembang bareng – bareng Tembang Macapat pupuh Gambuh saka Serat Wulangreh ,ayo vidione diterokake bareng bareng lan dibolan –baleni nganti kabeh bisa. Suk yen wis mlebu maju siji-siji.

Tembang gambuh

( buku paket halaman 25 – 30 )

A.Pada 1.

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur katula- tula katali

Kadaluwarsa katutuh

Kapatuh pan dadi awon

B.Pada 2

Aja nganti kabanjur

Barang polah ingkang nora jujur

Yen kabanjur kojur sayekti kang becik

Becik ngupayaa iku

Pitutur ingkang sayektos

C.Pada 3

Pitutur bener iku

Sayektine apantes tiniru

Nadyan metu saking wong sudra pepeki

Lamun becik wurukipun

Iku pantes sira anggo

D.Pada 4

Ana pocapanipun

Adiguna adigang adigung

Pan adigang kidang adigung pan esthi

Adiguna ula iku

Telu pisan mati sampyuh

D.Pada 4

Ana pocapanipun

Adiguna adigang adigung

Pan adigang kidang adigung pan esthi

Adiguna ula iku

Telu pisan mati sampyuh

E.Pada 5

Sikidang umbagipun

Angendelaken kebat lumpatipun

Pan sigajah angendelaken gung inggil

Ula ngendelaken iku

Mandine kalamun nyokot

Panutup :

  • Aja lali keterangane pak guru ing ndhuwur kabeh dicathet luwih dhisik ana ing buku tulismu .
  • Tetep semangat anggone padha nembang nganti bisa nembang
  • Aja lali dijaga kesehatane kanthi nindakake protocol kesehatan
  • Ngibadah , ndonga lan bekti mran wong tuwa.

Leave a Reply