Materi 9/ 10 Basa Jawa kelas 8

Mata pelajaran           : Bahasa Jawa

Guru Pengampu          : Sumarmi ,S.Pd

Materi                         : Pitutur luhur ing Tembang Gambuh

Hari ,tanggal               : Jumat,9 Oktober 2020

Kelas,semester            : VIII / I

Pambuka :

Dina iki pak guru bakal ngajak bocah – bocah nyinau lan nggoleki pititur luhur saka Tembang Macapat pupuh Gambuh saka Serat Wulangreh ,Kanggo mangerteni isine nasehat saka tembang iku.

 

Materi inti :

Tembang gambuh

( buku paket halaman 25 – 30 )

Tuladha ;

A.Pada 1.

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur katula- tula katali

Kadaluwarsa katutuh

Kapatuh pan dadi awon

Tegese .

Tembang gambuh sing nome papat,sing dirembug tumidak kang kebancut salah,ora ana sing ngandhani,akhire dadi kebacut – bacut salahe,yen nganti kesuwen bakal akeh sing nyalahake,lan bakal dadi kebiasaan sing elek

Pitutur luhur

Tumindak salah kuwi yen ora ana sing ngndhani yen kesuwen akhire dadi kebiasaan sing elek 

Tugas

Pak guru bakal menehi teges pada 2 nganti 5 mengko golek ana Pitutur luhure

B.Pada 2

Aja nganti kabanjur

Barang polah ingkang nora jujur

Yen kabanjur kojur sayekti kang becik

Becik ngupayaa iku

Pitutur ingkang sayektos

Tegese .

Aja nganti kebacut,sakabehing tumindak ingkang ora bener,yen kebacut cilaka tenan lan dadi tumindak kang ora becik,apike kudu nggoleki nasehat kang satenane

Pitutur luhur

……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

C.Pada 3

Pitutur bener iku

Sayektine apantes tiniru

Nadyan metu saking wong sudra pepeki

Lamun becik wurukipun

Iku pantes sira anggo

Tegese .

Nasehat kang bener kuwi satenane patut yen ditiru,sanajar asale saka wong kang asor drajade,yen nasehate becik,kuwi patut yen di gunakake.

Pitutur luhur

……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

D.Pada 4

Ana pocapanipun

Adiguna adigang adigung

Pan adigang kidang adigung pan esthi

Adiguna ula iku

Telu pisan mati sampyuh

Tegese .

Ana gegambarane ( perumpamaane) adiguna (wong sing ngendelake kepinterane )adigang( ngendelake kekuwatane)adigung( ngendelake kesugihane),wondene adigang kuwi kidang adigung kuwi gajah ,lan adiguna kuwi ula,telu – telune mati bareng.

Pitutur luhur

……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

E.Pada 5

Sikidang umbagipun

Angendelaken kebat lumpatipun

Pan sigajah angendelaken gung inggil

Ula ngendelaken iku

Mandine kalamun nyokot

Tegese .

Kidang watake seneng ngendel –endelake mlumpate banter,wondene gajah ngendel – endelake awake sing gedhe dhuwur,ula kuwi ngendel – endelake mandi upase yen nyokot.

Pitutur luhur

……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

Panutup :

  • Aja lali keterangane pak guru ing ndhuwur kabeh dicathet luwih dhisik ana ing buku tulismu .
  • Ana ing pitutur luhur pada 2 nganti 5 digoleki diisekake ana ing titik – titik
  • Tetep semangat anggone nggarap tugas – tugas saka pak guru / bu guru  supaya dadi boca kang pinter
  • Aja lali dijaga kesehatane kanthi nindakake protocol kesehatan
  • Ngibadah , ndonga lan bekti mran wong tuwa.

 

 

Leave a Reply