Materi 8/ 10 Basa Jawa kelas 8

Mata pelajaran           : Bahasa Jawa

Guru Pengampu          : Sumarmi ,S.Pd

Materi                         : Tembang gambuh

Hari ,tanggal               : Jumat,2 Oktober 2020

Kelas,semester            : VIII / I

 

Pambuka :

Dina iki pak guru bakal ngajak bocah – bocah nyinau bab 2 Tembang Macapat ,Kanggo mangeteni endah edining budaya jawa.

 

Materi inti :

Pangerten :

Tembang macapat yaiku jinise sastra jawa kang wujude tembang.

Para leluhur gawe tembang saliyane kanggo medharake rasa seni kang luwih penting kanggo menehi piwulangan .sebab kanthi tembang piwulan luwih nyenengake dirungokake,dieling – eling lan gampang diapalake lan pungkasane dipraktekake.

 

Paugeran /pathokan tembang macapat :

  • Guru lagu yaiku tibaning swara kang ana ing pungkasane gatra / baris.
  • Guru gatra yaiku cacahe baris saben sapada ( bait )
  • Guru wilangan yaiku cacahe wanda ( suku kata ) saben sa gatra /baris
  • Pada yaiku bait kanggone jinis tembang utawa geguritan
  • Pupuh yaiku kumpulan pada kang tembange sajenis ( pupuh pocung,pupuh mijil ,lsp.)

 

Materi 1

Tembang gambuh

( halaman 25 – 26 )

1.Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur katula- tula katali

Kadaluwarsa katutuh

Kapatuh pan dadi awon

2.Aja nganti kabanjur

Barang polah ingkang nora jujur

Yen kabanjur kojur sayekti kang becik

Becik ngupayaa iku

Piturur ingkang sayektos

Tegese tembung – tembung kang angel :

  1. sekar : tembang                                                   Kabanjur        : kebacut
  2. catur : papat                                                         barang polah : kabeh tumindak
  3. cinatur : dirembug /diomongake                     nora jujur      : ora bener
  4. polah : tuminda                                                   kojur               : cilaka
  5. kalantur : kebacut salah                                     sayekti           : tenan
  6. tanpa tutur : ora nganggo nasehat                   tan becik       : ora apik
  7. katula – tula : kesasar – sasar                           ngupaya        : golek / usaha
  8. katali : kena musibah                                          tutur              : nasehat
  9. kadaluwarsa : yen kesuwen / telat                    sayektos       : sing bener
  10. katutuh : disalahake
  11. kapatuh : dadi kebiasaan
  12. pan : bakal / akhire
  13. awon : elek

Panutup:

  • Coba tembang gambuh rong pada ing ndhuwur owahana basane supaya kowe dado ngerti isine nganggo tembung sing wis ditegesi pak guru .
  • Yen uwis banjur wangsulana pitakon – pitakone kang ana in buku paket halaman 27 sing ndhuwur.
  • Aja lali keterangane pak guru ing ndhuwur kabeh dicathet luwih dhisik ana ing buku tulismu

Leave a Reply