Pak guru paring piweling katur lare-lare :

  • Aja males amarga yen nganti males sing rugi awake dhewe, tansah gumregah lan gumreget
  • Jaga kasarasane tan ugi karesikane.
  • Aja metu saka ngomah yen ora penting banget lan sing wigati nganggo masker sing standar.

Pambuka :

Minggu iki pak guru ngajak bocah – bocah nyinau bab Paribasan, bebasan, lan saloka , supaya padha ngerti apa lan kanggo apa gunane ana ing masyarakat Jawa.

Panjlentrehe :

Paribasan yaiku unen – unen ( ungkapan ) kang gumathok ,ajeg panganggone lan tegese wantah.

  • Gumathok tegese wis ditemtokake tembung – tembunge
  • Ajeg panganggone diucapake sapa wae padha.
  • Tegese wantah utawa asli ora nganggo perumpamaan ( tegese ya tembunge kuwi dhewe )

Tuladha :

  1. Becik ketitik ala ketara tegese sapa sing tumindak becik utawa ala suwe – suwe bakal dingerteni won liya ( ketara ).
  2. Adigang ,adigung lan adiguna yaiku wong sing gemedhe amarga rumongsa luwih kuwat ( gang ) ,sugih ( sugih ) utawa pinter ( guna )
  3. Criwis cawis tegese wong sing akeh omonge nanging uga pinter ngrampungake pegawean .

Bebasan yaiku unen – unen kan gumathok ,ajeg panganggone lan migunakake pangumpaman ( perumpamaan ) sing digambarake tumindakke.

Ciri – cirine : Ora disebutake pelakune.

Tuladha :

  1. Nguyahi segara tegese nindakake pegawean sing muspra ( ora guna )
  2. Ancik – ancik pucuking eri tegese nindakake pegawean sing mbebayani
  3. Ngubak – ubak banyu bening tegese gawe masalah ana ing panggonan kang aman.

Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, lan ngemu surasa pepindhan (isa anggo pepindhan kewan utawa barang.

Tuladha :  Kaya banyu karo lenga, tegese wong sing ora bisa rukun.

Tumbak cucukan, tegese wong sing seneng adu-adu

Kebo kabotan sungu, tegese kabotan ragad amarga kakehan anak.

Bocah – bocah saka tuladha ing ndhuwur gatekna mesthi bakal ngerti bedane antarane paribasan, bebasan lan saloka.

Tugas :

Coba unen – unen ngisor iki gatekna endi sing paribasan, bebasan, lan saloka banjur golekana tegese saka buku Pepak Basa Jawa.

  1. Ana catur mungkur
  2. Tulung menthung
  3. Nglungguhi klasa gumelar
  4. Nyolong pethek
  5. Sedumuk bathuk senyari bumi
  6. Mban cindhe mban siladan.
  7. Idu didilat maneh.
  8. Sedhakep ngawe- awe
  9. Alon – alon waton kelakon
  10. Nurut ilining banyu

banjur digarap ing buku tugasmu dhewe-dhewe kanthi premati.

Leave a Reply