Pepanggihan salajengipun pak guru ngajak bocah – bocah nyinau bab ngenani WACANA NARASI ,supados bocah-bocah padha mangertos manawa punapa ingkang dipunsebat wacana narasi.

Materi inti :

Pangerten.

Wacana narasi yaiku wacana kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning peristiwa utawa prastawa ing sajroning wektu.

Ancase karangan narasi yaiku nyeritakake pengalaman uripe wong ing saperangan wektu utawa bisa uga karangan kang minangka asiling rekadaya pikiran pengarang. Mula, supaya bisa nggambarake kaya kasunyatane ing karangan narasi kudu ana paraga, papan, swasana, urutan kadadean lan liya-liyane.

Titikane utawa ciri-cirine wacana narasi, yaiku:

a. Anane  tumindak ing sajrone crita

b. Crita mau ditindakake ing sajroning wektu

Urut-urutane nulis karangan  narasi:

a. Nemtokake tema karangan

b. Nemtokake tujuan karangan

c. Nglumpukake bahan- bahan karangan

(1) Adhedhasar pengalaman pribadhi utawa wong liya.

(2) Adhedhasar khayalan utawa imajinasi

(3) Adhedhasar kadadean lokal, regional, nasional utawa internasional.

d. Nata rantamaning karangan

(1) Nemtokake anacas kang cetha.

(2) Ditata kanthi logis lan wajar.

e. Ngembangake rantaman/kerangka karangan.

(1) Bisa katata kanthi anggatekake lakuning alur/crita

(2) Basa kang dipigunakake

 

Wacan narasi kaperang dadi loro, yaiku:

a. Narasi Ekspositoris yaiku narasi kang isine arupa karangan kang sipate nyata/kasunyatan.

Tuladha : kisah pengalaman pribadhi, biogafi, autobiografi, lsp

b. Narasi Sugestif yaiku narasi kang isine arupa karangan kang sipate fiksi ( khayalan).

Tuladha : novel, roman, cerkak, dongeng, lsp

Bedane narasi ekspositoris lan narasai sugestif, yaiku:

Narasi Ekspositoris (1). Njembarake wawasan/pangerten

(2). Mbeberake katrangan bab prastawa

(3). Adhedhasar nalar supaya sarujuk/setuju

(4). Basa informatif, tembung denotatif

Narasi Sugestif (1). Mbeberake makna kang sinandi/ora sabenere

(2). Nguripake pengangen-angen (imajinasi)

(3). Nalar mung kanggo sinandi (imajinasi)

(4). Basa figuratif/ ora baku, tembunge konotatif

Panutup ;

Coba bocah-bocah diserat/cathet dhisik ana ing buku cathetanmu, supaya kanggo referensimu babagan wacana narasi.

Leave a Reply