Materi 6 Basa Jawa kelas 8

Mata pelajaran           : Bahasa Jawa

Guru Pengampu          : Sumarmi ,S.Pd

Materi                         : Upacara adat

Hari ,tanggal               : Jumat,4 September 2020

Kelas,semester            : VIII / I

 

Pambuka :

Dina iki pak guru bakal ngajak bocah – bocah nyinau bab upacara adat ,supaya padha ngerti manawa saben daerah iku duwe kabudayan kang adi luhung .

Materi inti :

Pangerten

Upacara adat yaiku sawijining kegiatan kang katindakake turun tumurun ana ing daerah kathi urutan  lan ubarampe wis ditemtokake

Ana ing masyarakat Jawa upacara adat di klompokake dadi 4 werna :

  1. Kelahiran
  2. Temanten
  3. Kematian
  4. Tradisi

A.Kelahiran :

  • Tingkeban / mitoni ,upacara adat nalika kandhungan umur 7 sasi
  • Procotan ,upacara adat nalika kandhungan wis wayahe lahir
  • Kelahiran,mendhem ari – -ari ,upacara sawise bayi lahir
  • Sepasaran ,yaiku bayi umur 5 dina ( sepasar)
  • Puputan ,upacara nalika puput puser basane bayi umur 7 dina
  • Selapanan ,upacara nalika bayi umur 35 dina ( selapan ) lan ditindakake saben selapan ( 35 dina)
  • Tedhak siti ,Upacara kanggo bocah wis wayahe mlaku ( + 1 tahun )
  • Sewindu ,upacara nalika bocah wis umur 8 tahun

B.Temanten:

  • Madik ,yaiku tradisi pemudha kang kepengin nikah wiwit golek pasangan.
  • Nontoni ,nalika wis ana sing dituju banjur ana upacara ketemune calon temanten sajodho
  • Lamaran ,yaiku upacara tetembungan saka calon temanten kalung marang calon temanten putri.
  • Panggih ,yaiku upacara pahargyan kanggo ngesahake temanten sakloron marang masyarakat lan nagara.
  • Lan sapanunggalane.( wacanen ing buku paket halaman 61 – 62 )

C.Kamatian :

  • Pamethaking Jenazah yaiku upacara penguburan
  • Dedonga : 1 dina, 3 dina, 7 dina , 40 dina lan sateruse nganti nyewu.
  • Ruwahan,Yaiku upacara ing wulah Sya’ban kang wujude ngresiki kuburan para leluhur.

D.Tradisi :

Upacara tradisi biasane saben daerah beda – beda umpamane

  • Sekaten ,yaiku upacara ing sasi Robiulawal ( Maulud ) wujude upacara lan diterusake tontonan saka kraton Surakarta lan Yogyakarta.
  • Beseh Desa yaiku upacara ing masyarakat petani nalika bubaran panen ,biasane wektune bareng karo upacara sekaten.
  • Lan sapanunggalane.

Panutup ;

Coba ana ing buku paket halaman 62 – 64 ana wacan upacara adat “ Panggih Temanten” wacanen kanthi tliti lan gatekna urutane nulis.

Tugas :

Goleka tuladha ( conto ) upacara adat ing daerahmu banjur tilisen salah siji  sing kowe wis ngerti tenan kepriye kang urut  upacarane ,ditulis ana ing buku tulis kang becik lan jelas

Sateruse tontonen lan gatekna vidio ngisor iki !

Leave a Reply