Materi 4 Bahasa Jawa kelasa 8

Jum’at ,14 Agustus 2020

I.Pambuka.

Assalamu ‘alaikum wr.wb.

Bocah –bocah sadurunge pak guru miwiti wulangan esuk iki,luwih dhisik pak guru ndangu:

  • Esuk iki mau apa wis padha ngibadah apa durung ?
  • Tugas minggu kepungkur apa wis padha digarap,awas aja nganti diendhe-endhe,sing akhire ora digarap .
  • Kanggo nampa pelajaran esuk iki goleka panggonan sing nyaman.
  • Tetep semangat ora kena bosen,kabeh tugasmu bakal dibiji pak guru kanggo ngisi raportmu.

Mengko apa sing diterangake pak guru digatekake tenan.

II.Inti pelajaran

Bocah-bocah dhek emben pak guru wis maringi tugas nulis crita legendha jeneng panggonan utawa desa sing ana sacedhakmu,ing dina iki pak guru bakal ngajak bocah bocah nggoleki unsure-unsur intrinsik kang ana ing saben crita utawa dongeng,supaya luwil jelas apa wae unsur intrinsik kang ana ing crita /dongeng kuwi yaiku :

  • Tema yaiku gagasan utawa pikiran pokok kang kanggo dhasar nulis crita /dongeng.
  • Paraga yaiku sapa wae wong-wonge kang ana ing sajroning crita.
  • Penokohan yaiku watak-watake saben tokoh ( Protagonis /becik utawa antagonis /ala).
  • Alur /Plot yaiku urut urutan lakune crita /dongeng :
  • Alur maju ( urut saka kenalan,masalah,ngampungake masalah )
  • Alur mundur ( saka kenalan ,ngrampungake masalah lagi dicritakake masalahe )
  • Alur campuran urut saka kenalan,ngrampungake masalah diselingi nyritakake masalahe)
  • Latar /seting yaiku nerangake kedadeyane ana ngendi,kapan lan kepriye .
  • Amanat / pesan yaiku nasehat apa kang dikarepake ana ing crit /dongen kuwi
  • Sudut pandang yaiku posisi pengarang,apa mung ndongeng,apa melu dadi paragane.

III.Panutup.

Sawise bocah –bocah ngerti unsur intrinsik  crita utawa dongeng saiki tugase pilihen salah siji saka crita legendha 🙁 Halaman 9-20)

  • Dumadine Rawa Jombor
  • Sejarahe Yaqowiyu
  • Dumadine Rawa Pening
  • Dumadine Kutha Pathi

Golekana unsure intrinsik :

Temane apa

Paraga sapa wae

Penokohan (watake tokohe piye)

Alure piye maju,mundur apa campuran

Latar kedadeyane ( ana ngendi,kapan lan piye )

Amanate crita nasehati apa

Sudut pandang,pengarenga ana apa ora ,yen ana dadi apa.

*.Digarap ing buku cathetan

*.ditulis sing becik lan cetha supaya gampang diwaca.

Supaya luwih jelas tontonen vidio iki !

Ajalali absen ana ing kolom komentar

tulis jeneng lan kelasmu dhewe !

Leave a Reply